Menyang kontèn

Mariah Carey

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 4 Sèptèmber 2016 04.51 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (Karir: entuk -> éntuk using AWB)
Mariah Carey
Mariah Carey
Pratélan latar wuri
Jeneng lairMariah Angela Carey
SakaNew York City, New York,
Amerika Serikat
GénrePop, R&B
PakaryanPenyanyi, penulis lagu, produser rekaman, direktur video musik, aktris
Mangsa akarya1990–sekarang
LabèlIsland
Sing magepokanNick Cannon, Jermaine Dupri, Da Brat, Randy Jackson, The Dream, Walter Afanasieff
Sana jaringanwww.mariahcarey.com

Mariah Carey, artis kang lair tanggal 27 Maret 1970 ing Huntingtown, Long Island, New York) iku sawijining panyanyi saka Amérika Sarékat.[1] Mariah Carey iku bapané asalé saka Venezuela lan ibuné wong AS katurunan Irlandia.[1] Mariah iku panyanyi AS sing paling akèh nduwé hit nomor 1.[1] Agama Mariah Carey ya iku Katolik.[1] Mariah Carey nduweni dhuwur 5’ 9’’.[1] Kewarganegaraane Amerkia.[1] Mariah Carey nduweni rambut kang wernane soklat lan mripate awarna coklat.[1] Kenya lahir saka pasangan Alfred Roy Carey, minangka Insinyur Penerbangan lan Patricia Hickey, minangka mantan pelatih vocal lan penyanyi opera.[2] Carey kalebu anak ing ragil kanthi kakange Morgan lan Alison.[2]

Mariah Carey tau pacaran karo Derek Jeter, ya iku pemain baseball.[1][2] Dhèwèké uga tau pacaran karo penyanyi pop Luis Miguel nalika taun 1998 nganti taun 2001.[2] Carey nikah karo eksekutif rekaman Columbia Records, Tommy Mottola lan ora suwe akhire pegatan.[2] Banjur dhèwèké nikah karo aktor Nick Cannon kawit 30 April 2008.[2]

Karir

Mariah Carey mulai terkenal kawit taun 1990.[1] Mariah Carey tau ngetokake album rohani, ya iku Merry Christmas ing jerone ana tembang All I Want for Christmas Is You.[1] Carey uga tau ngetokake album kanthi irah-irahan Glitter.[1] Ing sasi April 2005 Carey ngetokake album manèh kanthi irah-irahan The Emancipation Of Mimi.[1] Kanthi tembang We Belong Together, album iki bisa ndadekake dhèwèké éntuk 8 nominasi ing ajang Grammy Awards ing taun 2006.[1] Ing tanggal 15 April 2008 Carey ngrilis album manèh kanthi itah-irahan E=MC2.[1] Ing album iki, dhèwèké njagokake tembang Bye Bye, I'll Be Lovin' U Loving Time lan I Stay in Love.[1] Ing purwakaning adol album iki bisa kadol nganti 463 ewu copy.[1] Ora mung pinter nyanyi thok, dhèwèké uga pinter main film layar lebar.[1] Film kang tau dimainake Mariayh Carey ya iku The Bachelor ing taun 1999, Glitter ing taun 2001, Wisegirls ing taun 2002, lan State Property 2 ing taun 2005.[1]

Prestasi

  • Grammy Awards ing kategori Best New Artist lan Best Female Pop Vocal Performance kanthi tembang singgele, Vision of Love.[1]

Pranala njaba

Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (ing basa Indonésia)KapanLagi.com (kajupuk tanggal 6 Maret 2011)
  2. a b c d e f (ing basa Indonésia)www.wowkeren.com (kaunduh tanggal 6 Maret 2011)