Menyang kontèn

Taksi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 8 Agustus 2017 10.16 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (éjaan, replaced: kayata → kaya ta (5))
Taksi

Taksi ya iku angkutan umum kang nggunakaké montor kanggo ngangkut penumpang.[1] Taksi umumé nggunakaké mobil jinis sédan, ananging ing nagara-nagara liyané ana uga taksi jinis van kang bisa ngangkut luwih akèh penumpang lan barang.[1]

Tarif taksi diitung nganggo rong cara,[1]

  • kanthi nggunakaké argomèter - diitung kanthi otomatis gumantung adohé let kang ditempuh[1]
  • miturut kasepakatan-penumpang lan sopir nyetujoni tarif sadurungé utawa sawisé perjalanan[1]

Bedané taksi karo angkutan umum dharat kang modhèrn liyané kaya ta bus ya iku cacahé penumpang.[1] Yèn bus ngangkut akèh penumpang ananging taksi mung kamot 4 penumpang, awit taksi nggunakaké montor.[1] Taksi biyasané ngangkut penumpang kang ana ing kalompok tinamtu.[1]

Montor kanggo taksi

Ford Falcon ing Australia (Taxi)

Montor kang akèh digunakaké minangka taksi ya iku:[1]

Istilah "taksi" uga kena ngarah ing angkutan umum liyané saliyané montor kang ngangkut penumpang kang cacahé mung sithik, kaya ta taksi air.[2] Taksi iki sabeneré mung arupa prau.[2]

Taksi air

Taksi air arupa prau kang ana mesiné.[2] Taksi air biyasané diséwa kanggo lelungan ing wayah kang tinamtu.[2] Taksi air akèh tinemu ing kutha-kutha kang diliwati kali gedhé kaya ta Palembang, Samarinda utawa ing pinggir tlaga kaya ta Parapat, Tarutung.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i green.autoblog.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
  2. a b c d e forumkami.net(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)