Menyang kontèn

Chorizo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 16 Dhésèmber 2017 14.31 déning Meursault2004 (parembugan | pasumbang) (tambah sithik)

Chorizo (/əˈrz/ utawa /-s/,[1][2] saka basa Spanyol; pangucap cara Spanyol: [t͡ʃoˈɾiθo] or [-so]) utawa Chouriço (saka basa Portugis) iku sawijining sosis sing lumrahé digawé saka daging babi. Padatané slongsongé alami nganggo usus kéwan, cara iki wis dilakoni wiwit jaman Romawi biyèn.

Ing Éropah, chorizo iku sawijining sosis sing digawé déné métode fèrmèntasi, pangasinan, lan diasepi. Sawisé iku kena diirisi lan dipangan tanpa dimasak dhisik, utawa dienggo bahan panganan tambahan minangka bumbu kanggo panganan liya. Ing tlatah liya, sawetara sosis sing didol minangka chorizo, mbokmenawa ora difèrmèntasi utawa diasinaké lan kudu dimasak dhisik sadurungé dipangan.

Chorizo Spanyol lan chouriço Portugal olèh werna abang tuwa lan rasa pangasepan sing kas déné paprika (pimentón/pimentão).[3]

Réferènsi

  1. American Heritage Dictionary
  2. Cambridge Advanced Learner's Dictionary
  3. Tara Morgan (2015-06-15). "From Choricero to Chorizo: The Rare Pepper that Makes Traditional Basque Sausage Sing | Edible Idaho". Edibleidaho.ediblefeast.com. Dibukak ing 2016-11-18.