Menyang kontèn

Sharifa Alkhateeb

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sharifa Alkhateeb (1946–2004) ya iku salah sawijining panulis wadon saka Amérika. Dhèwèké uga salah sawijining panaliti, sarta guru komunikasi budaya lan pangembangan komunitas kanggo agama Islam lan sing ngrasuk ing Amérika Sarékat. Dhèwèké uga melu obahan feminisme, pamenggakan sikara ana balé somah, sarta organisasi lintas agama lan pawiyatan. Alkhateeb ngedegaké organisasi nasiyonal pisanan kanggo wong wadon sing ngrasuk agama Islam ing Amérika Sarékat. Dhèwèké uga wong wadon wiwitan kang nrima Pangaji Paladén Masarakat saka Masarakat Muslim ing Amérika Lor.

Alkhateeb lair tanggal 6 Juni 1946 ing Philadelphia, Pennsylvania. Bapaké saka Yaman lan ibuné asalé saka Céko. Alkhateeb lulus sarjana saka jurusan Sastra Inggris, Universitas Pennsylvania.[1] Dhèwèké mèlu obahan feminisme ing taun 1960-an nalika lagi sinau ana ing Universitas Pennsylvania.

Rujukan

  1. Bayot, Jennifer (November 4, 2004). "Sharifa Alkhateeb, Feminist Within Islam, Dies at 58". The New York Times. New York City, New York. Dibukak ing November 18, 2015.