Pakubuwana X
Sri Susuhunan Pakubuwana X | ||
---|---|---|
Raja Surakarta | ||
Miyos | Surakarta, 29 November 1866 | |
Séda | Surakarta, 1 Fèbruari 1939 | |
Jabatan |
Sri Susuhunan Pakubuwana X utawi Radèn Mas Malikul Kusna (Jawa: ꦯꦸꦱꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦦꦑꦸꦨꦸꦮꦟ꧇꧑꧐; miyos ing Surakarta, 29 Novèmber 1866 – séda ing Surakarta, 1 Fèbruari 1939 kanthi yuswa 72 taun) inggih punika ratu ingkang kaping sanga wonten ing karaton Kasunanan Surakarta. Ing tanggal 7 Novèmber taun 2011 Pakubuwana X katetepaken déning pamaréntah Indonésia minangka Pahlawan Nasional[1][2]
Cariyos wiwitan
Asma timuripun inggih punika Radèn Mas Sayyidin Malikul Kusna, putranipun Pakubuwana IX ingkang miyos saking garwa praméswari K.R.Ay. Kustiyah rikala surya 29 Novèmber 1866. Nalikanipun ngancik yuswa kaping 3, panjenenganipun sampun kapitedhan minangka putra makutha ingkang ajejuluk Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Anom Hamangkunagara Sudibya Rajaputra Naréndra ing Mataram VI.
Karya
Nalika gesangipun, Pakubuwana X ngripta sawetawis gendhing kados ingkang dipun pacak wonten ngandhap punika[3]:
Jeneng | Titilaras | Pathet |
---|---|---|
Sri Kuncara | Pélog | Nem |
Sri Kretarta | Pélog | Nem |
Sri Nindhita | Pélog | Nem |
Sri Dayita Linuhur | Pélog | Nem |
Sri Minulya | Saléndro | Sanga |
Sri Wibawa | Saléndro | Sanga |
Sri Karoron | Saléndro | Sanga |
Sri Sudhana (utawa Sudhana) | Saléndro | Sanga |
Sri Hascarya | Saléndro | Sanga |
Sri Widada | Pélog | Barang |
Sri Nasao (utawa Sri Pamasa) | Pélog | Barang |
Sri Kawuryan | Pélog | Barang |
Sri Dirgayuswa | Pélog | Barang |
Sri Dayita | Pélog | Barang |
Sri Dayita Wibawa | Pélog | Barang |
Raja Putri | Pélog | Barang |
Katawang Sekaring Puri | Pélog | Barang |
Katawang Sri Raharja | Pélog | Barang |
Sri Linuhung | Pélog | Barang |
Sri Biwaddha | Pélog | Barang |
Sri Kaloka | Saléndro | Manyura |
Sri Yatna | Saléndro | Manyura |
Sri Kasusra | Saléndro | Manyura |
Sri Nata Wibawa | Saléndro | Manyura |
Sri Raja Putri (kudangan) | Saléndro | Manyura |
Sri Dayita Minulya | Saléndro | Manyura |
Katawang Sri Utama | Saléndro | Manyura |
Katawang Sri Kawuryan | Saléndro | Manyura |
Narpasiwi | Saléndro | Manyura |
Witing Asri | Saléndro | Manyura |
Gendhing dolanan
Jeneng | Titilaras | Pathet |
---|---|---|
Katawang Jambé Thukul | Pélog | Nem |
Ladrang Prit Aking | Pélog | Nem |
Ladrang Enthik | Pélog | Nem |
Ladrang Ilir-ilir | Pélog | Nem |
Gula Ganthi | Saléndro | Sanga |
Ladrang Katé-katé Dipanah | Saléndro | Manyura |
Ladrang Titikung | Saléndro | Manyura |
Katawang Dhempul Talu Tamèng | Pélog | Barang |
Priksani ugi
Rujukan
- ↑ Okezone: Paku Buwono X Ditetapkan Sebagai Pahlawan Nasional
- ↑ Situs web Kemendagri: Pakubuwono X Ditetapkan Jadi Pahlawan Nasional
- ↑ Warsadiningrat (1957). "Koleksi Warsadiningrat (MNA1926a)". Sastra Jawa.
{{cite web}}
: Cite has empty unknown parameter:|dead-url=
(pitulung)
Pranala njawi
Gelar kabangsawanan | ||
---|---|---|
Didhisiki déning: Pakubuwana IX |
Susuhunan Surakarta 1893-1939 |
Diganti déning: Pakubuwana XI |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Pakubuwono X. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |