Menyang kontèn

Setasiyun Yogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 2 Oktober 2012 15.29 déning JV06Leni Tri Yulianingsih (parembugan | pasumbang) (Stasiun Tugu Yogyakarta)
(bé) ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan () | Révisi sabanjuré → ()
Segara Karang Bolong.

Stasiun Tugu inggih salah satunggaling stasiun wonten ing Yogyakarta.[1] Stasiun Tugu punika dumados papan mandheging sepur awit taun 1887 dumugi sakmenika.[1] Stasiun punika kagolong stasiun ingkang papanipun langkung strategis.[1] Amargi stasiun punika papanipun wonten ing jantung kota Yogyakarta lan cerak kalian objek wisata ing yogyakarta.[1] Stasiun punika awalipun inggih stasiun alit ananging sakniki sampun dumados salah satunggaling stasiun ageng wonten ing Indonesia.[1] Stasiun Tugu punika gadhah 6 jalur sepur, ingkang nglayani saking hampir sedaya kutha gedhe wonten ing Jawa.[1] Lewih saking 20 sepur ekonomi, bisnis lan eksekutif dumugi lan kesah saben dintene.[1]

Sajarah

Stasiun tugu punika kagolong kasil saking pembangunan sistem transportasi sepur kaliyan pemerintah Hindia Belanda kangge transportasi penumpang lan kasil bumi saking perkebunan ing Jawa, Sumatera, Sulawesi lan kalimantan.[2] Tanggal 17 Juni 1864, Gubernur Jendral Mr. L.A.J.W baron Sloet van Beele ngletakake watu purwa pembangunan rel sepur ingkang pertama ing jawa.[2] Jalur punika dipunkelola kalian Nederlandsch-Indische spoorweg Maatschappij (Perusahaan perkeretaapian Hindia Belanda) lan dipunoperasikaken tanggal 10 Agustus 1867.[2] Wonten ing perkembanganipun jalur punika dipunlajengaken dawanipun 166 kilometer tumuju kutha Yogjakarta lan Stasiun Lempuyangan Yogyakarta.[2] Stasiun Tugu wiwit nglayani kebetahan transportasi awit 2 Mei 1887, udakara 15 taun sasampunipun Stasiun Lempuyangan.[1] Rikala semanten , stasiun punika namung dipun ginakaken kangge papan transiting sepur ingkang ngangkut kasiling bumi saking daerah wonten ing Jawa, Sumatera, kalimantan lan Sulawesi. Ananging awit tanggal 1 Februari 1905, stasiun punika dipunginakaken kangge transit sepur penumpang. Jalur luar kutha ingkang purwa dibangun taun 1899, ngubungake Yogyakarta lan Surakarta.[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i [1](dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)
  2. a b c d [2](dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)