Menyang kontèn

Taksi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 27 Oktober 2012 11.55 déning Xqbot (parembugan | pasumbang) (r2.7.3) (Bot: Ngowah vi:Taxi dadi vi:Tắc xi; panggantèn kosmètik)
Taksi

Taksi yaiku angkutan umum kang nggunakaké mobil kanggo ngangkut penumpang.[1] Taksi umumé nggunakake mobil jinis sédan, ananging ing negara-negara liyané ana uga taksi jinis van kang bisa ngangkut luwih akéh penumpang lan barang.[1]

Tarif taksi diitung nganggo rong cara,[1]

  • kanthi nggunakaké argométér - diitung kanthi otomatis gumantung adohé jarak kang ditempuh[1]
  • miturut kasepakatan-penumpang lan sopir nyetujoni tarif sadurungé utawa sawisé perjalanan[1]

Bedané taksi karo angkutan umum darat kang modern liyané kayata bus yaiku cacahé penumpang.[1] Yèn bus ngangkut akéh penumpang ananging taksi mung kamot 4 penumpang, awit taksi nggunakaké mobil. [1]Taksi biyasané ngangkut penumpang kang ana ing kalompok tinamtu.[1]


Mobil kanggo taksi

Mobil kang akéh digunakaké dadi taksi yaiku:[1]

Istilah "taksi" uga kena ngarah ing angkutan umum liyane saliyané mobil kang ngangkut penumpang kang cacahé mung sithik, kayata taksi air.[2] Taksi iki sabeneré mung arupa sampan.[2]

Taksi air

Taksi air arupa sampan kang ana mesiné.[2] Taksi air biyasané diséwa kanggo perjalanan ing wayah kang tinamtu.[2] Taksi air akéh ditemokaké ing kutha-kutha kang diliwati kali gedhé kayata Palembang, Samarinda utawa ing pinggir danau kayata Parapat, Tarutung.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.green.autoblog.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
  2. a b c d e (ing basa Indonésia)forumkami.net(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)