Menyang kontèn

Nirwan Dewanto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 20 Januari 2013 13.26 déning JV06Nur Hanifah Insani (parembugan | pasumbang) (Kaca énggal: {{Infobox person | name = Nirwan Dewanto | image = Nirwan Dewanto 001 foto oleh Witjak Widhi Cahya.jpg | alt = | caption = Nirwan, 2011 | birth_name = | ...)
(bé) ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan () | Révisi sabanjuré → ()
Nirwan Dewanto
Nirwan, 2011
Lair (1961-09-28) 28 Sèptèmber 1961 (umur 63)
Surabaya, Jawa Timur, Indonesia
BangsaIndonesia
Alma materInstitut Teknologi Bandung
PakaryanPenyair
Kondhang ingMenulis

Nirwan Dewanto Ingkang miyos wonten ing Surabaya, Jawa Wétan, Indonésia ing tanggal 9|1961 inggih salah satunggaling sastrawan saha pujangga Indonésia. Piyambakipun ugi misuwur saking peranipun minangka Albertus Soegijapranata wonten ing film biopik Soegija ingkang medal ing taun 2012.[2]

Riwayat Pagesanganipun

Nirwan sampun remen nyerat puisi nalika taksih lenggah ing SMA. Karya- karyanipun sampun kapacak saha dipunwedalaken dening majalah- majalah kados ta majalah Kuncung dan Kartini. Nirwan kuliah wonten ing Institut Teknologi Bandung ing Bandung, Jawa Kilen, saking taun 1980 dumugi taun 1987. Sasampunipun piyambakipun pikantuk gelar Sarjana Geologi lajeng piyambakipun pindhah dhateng Jakarta. [3] Wonten ing Jakarta, piyambakipun naté makarya dados penyunting sastra saha penyelia kesenian. Piyambakipun ugi ndherek ndhirikaken jurnal kabudayan Kalam lan sampun naté dados ketua redaksinipun lan sak punika ndherek njagi lembar sastra koran Tempo edisi Minggu. Ing musim gugur 2007, piyambakipun nggabung kaliyan ’’International Writing Program’’ ing ’’University of Iowa’’, Amerika Serikat, lan asilipun inggih saged ngrampungaken buku kanthi irah- irahan Bulo Buli Lima Kaki. Ing taun 1991 Nirwan naté dados pamedharsabda wonten ing Konferensi Budaya Nasional. Piyambkipun lajeng misuwur kanggé medhar bbagan budaya. [4] Nirwan dados redaktur majalah Kalam nalika dipunwedalaken ing sasi Pebruari 1994, sesarengan kaliyan pujangga sanѐsipun inggih punika Goenawan Mohamad. [5] Ing taun 1996, Nirwan medalaken koleksi esai kanthi irah – irahan Senjakala Kebudayaan.[6].

Asiling Karya

Nirwan sampun naté dados jawara ing penghargaan Khatulistiwa ing taun 2008 kanggé antologi puisi ingkang irah – irahanipun Jantung Ratu Lebah; penghargaan punika ugi klebet honorarium ingkang agengipun Rp 100 yuta. <rf name=”internet 4”>Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.[[ http://www.thejakartapost.com/news/2008/11/15/ayu-utami-nirwan-dewanto-win-khatulistiwa-literary-prize.html]] Ayu Utami, Nirwan Dewanto win Khatulistiwa literary prize (dipunundhuh tanggal 20 Januari 2013)</ref> Sastrawan cariyos cekak Seno Gumira Ajidarma, minangka juri lomba kasebat ngandharaken bilih antologi kagunganipun Nirwan punika kalebet karya ingkang monumental sanget. Ing taun 2010 Nirwan ngasilaken antologi puisi kanthi irah-irahan Buli-Buli Lima Kaki. Taun sanѐsipun saperangan asiling karyanipun dipunketingalaken sesarengan kaliyan iringan musik saking Dian HP saha garwanipun Nirwan, penyanyi Nya Ina Raseuki, Nirwan ugi maos puisinipun ing kegiyatan kasebat. Kejawi saking buku Buli Buli Lima Kaki, buku sanesipun ingkang dipunserat dening Nirwan Dewantoro ing antawisipun inggih punika Prosa 1: Ingatan, Tidak, CintaJantung Lebah Ratu saha Umar Kayam Luar Dalam. Déné sajak- sajakipun Nirwan Dewantoro ing antawisipun inggih kanthi irah- irahan Telur Mata Sapi, Piring Terbang, Biduanita Botak, Bulan Madu, lan sapanunggalanipun.

Cathetan Suku

  1. Tribun 2012, Aktor Romo Soegija.
  2. (ing basa Indonésia)[[1]] Nirwan Dewanto DALAM TIKUNGAN KEHIDUPAN (dipunundhuh tanggal 20 Januari 21013)
  3. (ing basa Indonésia)[[ http://www.gramediapustakautama.com/penulis-detail/36527/Nirwan-Dewanto]] Nirwan Dewanto (dipunundhuh tanggal 20 Januari 2013)
  4. Kompas 2012, Nirwan Dewanto.
  5. Tempo 1994, Jurnal Angker.
  6. Eneste 2001, kc. 165.
Bibliografi
  • "Aktor Romo Soegija Seorang Muslim". Tribun. 21 May 2012. Diarsip saka sing asli ing 6 July 2012. Dibukak ing 6 July 2012.
  • Eneste, Pamusuk (2001). Buku Pintar Sastra Indonesia (édhisi ka-3rd). Jakarta: Kompas. ISBN 978-979-9251-78-8. {{cite book}}: Check |isbn= value: checksum (pitulung); Invalid |ref=harv (pitulung)
  • Hamdani, Sylvia (2 June 2011). "Making Poetry Sing, In the Name Of Love". Jakarta Globe (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2 January 2012. Dibukak ing 2 January 2012. {{cite news}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  • Haryanto, Ign.; Kuswardono, Arief; Dhyatmika, Wahyu (3 December 2001). "Sebuah Panggung Bernama Khatulistiwa". Tempo. Diarsip saka sing asli ing 6 July 2012. Dibukak ing 6 July 2012.
  • Hermawan, Ary; Messakh, Matheos (15 November 2008). "Ayu Utami, Nirwan Dewanto win Khatulistiwa literary prize". The Jakarta Post (ing basa Inggris). Jakarta. Diarsip saka sing asli ing 6 July 2012. Dibukak ing 6 July 2012. {{cite news}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  • "Jurnal Angker dapat Populer?". Tempo. 19 February 1994. Diarsip saka sing asli ing 6 July 2012. Dibukak ing 6 July 2012.
  • Setiawati, Indah (3 June 2012). "'Soegija' sends a message of humanity". The Jakarta Post (ing basa Inggris). Jakarta. Diarsip saka sing asli ing 29 June 2012. Dibukak ing 29 June 2012. {{cite news}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  • Siregar, Lisa (29 May 2012). "'Soegija' More Than a War Film". Jakarta Globe (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 6 July 2012. Dibukak ing 6 July 2012. {{cite news}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  • Cithakan:Cite newsé