Menyang kontèn

Taksi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 28 Fèbruari 2016 10.38 déning Wirjadisastra (parembugan | pasumbang) (Éropah using AWB)
Taksi

Taksi yaiku angkutan umum kang nggunakaké montor kanggo ngangkut penumpang.[1] Taksi umumé nggunakaké mobil jinis sédan, ananging ing negara-negara liyané ana uga taksi jinis van kang bisa ngangkut luwih akèh penumpang lan barang.[1]

Tarif taksi diitung nganggo rong cara,[1]

  • kanthi nggunakaké argomèter - diitung kanthi otomatis gumantung adohé let kang ditempuh[1]
  • miturut kasepakatan-penumpang lan sopir nyetujoni tarif sadurungé utawa sawisé perjalanan[1]

Bedané taksi karo angkutan umum dharat kang modhèrn liyané kayata bus yaiku cacahé penumpang.[1] Yèn bus ngangkut akèh penumpang ananging taksi mung kamot 4 penumpang, awit taksi nggunakaké montor.[1] Taksi biyasané ngangkut penumpang kang ana ing kalompok tinamtu.[1]

Montor kanggo taksi

Ford Falcon ing Australia (Taxi)

Montor kang akèh digunakaké minangka taksi yaiku:[1]

Istilah "taksi" uga kena ngarah ing angkutan umum liyané saliyané montor kang ngangkut penumpang kang cacahé mung sithik, kayata taksi air.[2] Taksi iki sabeneré mung arupa prau.[2]

Taksi air

Taksi air arupa prau kang ana mesiné.[2] Taksi air biyasané diséwa kanggo lelungan ing wayah kang tinamtu.[2] Taksi air akèh ditemokaké ing kutha-kutha kang diliwati kali gedhé kayata Palembang, Samarinda utawa ing pinggir tlaga kayata Parapat, Tarutung.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.green.autoblog.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
  2. a b c d e (ing basa Indonésia)forumkami.net(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)