Formaldehida
Formaldehida | |
---|---|
Jeneng Sistematis | Metanal |
Jeneng liya | formol, metil aldehida, oksida metilena |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [50-00-0] |
Nomer RTECS | LP8925000 |
SMILES | C=O |
Sifat | |
Rumus molekul | CH2O |
Massa molar | 30,03 g·mol−1 |
Panampilan | gas ora mawa warna |
Densitas | 1 kg·m−3, gas |
Titik leleh |
-117 °C (156 K) |
Titik umob |
-19,3 °C (253,9 K) |
Kelarutan dalam air | > 100 g/100 ml (20 °C) |
Struktur | |
Wangun molekul | trigonal planar |
Momen dipol | 2,33168(1) D |
Bahaya | |
Bebaya utama | asifat racun, gampang kobong |
NFPA 704 | |
Frasa-R | R23/24/25, Cithakan:R34, Cithakan:R40, Cithakan:R43 |
Frasa-S | (S1/2), Cithakan:S26, S36/37, Cithakan:S39, S45, Cithakan:S51 |
Titik murub | -53 °C |
Senyawa kagandhèng | |
Aldehida kagandhèng | asetaldehidabenzaldehida |
Senyawa kagandhèng | ketonasem karboksilat |
Kajaba dinyatakaké suwaliké, data ing dhuwur lumaku ing kaanan standar (25 °C, 100 kPa) |
Senyawa kimia formaldehida (uga diarani metanal, utawa formalin), kalebu aldehida kanthi rumus kimia H2CO, senyawa iki dhapuré gas, utawa cuwèr kang dikenal kanthi jeneng formalin, utawa padhetan kang dikenal kanthi jeneng paraformaldehyde utawa trioxane.[1] Formaldehida sepisanan disintesis déning kimiawan Ruslan Aleksandr Butlerov nalika taun 1859, nanging diidhèntifikasi déning Hoffman nalika taun 1867.[1]
Lumrahé, formaldehida kadhapur amarga réaksi oksidasi katalitik kang ana ing metanol.[1] Mulané formaldehida bisa diasilaké saka pangobongan bahan kang ngandhut karbon lan ana ing pega nalika alas kobong, knalpot mobil, lan pega tembako.[1] Ing atmosfèr bumi, formaldehida diasilaké saka aksi cahya srengéngé lan oksigèn karo metana lan hidrokarbon liyané kang ana ing atmosfèr.[1] Formaldehida ing kadhar kang cilik uga diasilaké minangka metabolit organisme, kalebu manungsa.[1]
Piguna
Formaldehida bisa minangka mbasmi bakteri, saéngga kerep minangka disinfektan lan uga dadi bahan kanggo ngawètaké.[2] Minangka dhisinfèktan, Formaldehida uga dikenal kanthi jeneng formalin lan dimanfaataké dadi bahan kanggo ngresiki; téke, kapal, gudhang lan sandhangan.[2]
Formaldehida uga dianggo minangka pengawèt ing vaksinasi.[2] Ing babagan mèdhis, larutan formaldehida dianggo kanggo nggaringaké kulit, kaya ta kanggo matèni kutil ing kulit.[2] Larutan saka formaldehida kerep dianggo dadi balsem kanggo matèni bakteri lan ngawètaké bathang.[2]
Ing indhustri, formaldehida akèh-akèhé dianggo dadi prodhuksi polimer lan warna-warna bahan kimia.[2] Yèn digabungaké karo fenol, urea, utawa melamina, formaldehida ngasilaké resin termoset kang atos.[2] Resin iki dianggo dadi lèm permanèn kaya ta dianggo dadi lèm kayulapis utawa triplèks lan karpèt.[2] Wujud busa saka formalin uga bisa digunakaké minangka insulasi.[2] Luwih saka 50% prodhuksi formaldehida dientèkaké kanggo prodhuksi resin formaldehida.[2]
Kanggo nyintésis bahan-bahan kimia, formaldehida dianggo kangggo nggawé alkohol polifungsional kaya ta pentaeritritol, kang minangka nggawé cèt bahan panjeblug.[2] Turunan formaldehida liyané ya iku metilena difenil diisosianat, komponèn wigati ing cèt lan busa poliuretana, saliyané iku uga ana heksametilena tetramina, kang digunakaké ing [[resin fenol-formaldehi kanggo nggawé RDX (bahan panjeblug).[2] Formalin uga kena digunakaké minangka insektisida lan bahan baku pabrik-pabrik resin plastik lan bahan panjeblug.[2]
Cathetan sikil
Artikel kimia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |