Menyang kontèn

Titilaras

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Titilaras utawa kerep dicekak dadi laras yaiku angka kang minangka nyatakaké laras utawa dhuwur cendhèké swara ana ing gamelan.[1] Angka-angkané yaiku angka 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7.[1] Titilaras digawé nganggo rong cara, yaiku cara Sariswara kang digawé déning Ki Hadjar Dewantara mula titilarasé sinebut titilaras Sariswara lan cara Kapatihan kang digawé déning R.M. Wreksadiningrat mula titilarasé sinebut titilaras Kapatihan.[1] Wong kang lagi sinau nembang lan gamelan, racaké nganggo titilaras Kapatihan.[1] Wujud saka titilaras Kapatihan dibagi dadi loro, yaiku:

1. Titilaras sléndro Dumadi saka limang nada sajeroning siji oktaf. Nada-nada mau yaiku:

  • Panunggul: 1 = ji (siji)
  • Gulu  : 2 = ro (loro)
  • Dhadha  : 3 = lu (telu)
  • Lima  : 5 = ma (lima)
  • Nem  : 6 = nem (nem)[1]

Let frekuensi (interval) saka rong nada laras ing titilaras sléndro maturut–turut kanthi konstan.

2. Titilaras pélog Dumadi saka pitung nada sajeroning siji oktaf. Nada–nada mau yaiku:

  • Panunggul: 1 = ji (siji)
  • Gulu  : 2 = ro (loro)
  • Dhadha  : 3 = lu (telu)
  • Pelog  : 4 = pat (papat)
  • Lima  : 5 = ma (lima)
  • Nem  : 6 = nem (nem)
  • Barang  : 7 = pi (pitu)[1]

Let frekuensi (interval) saka rong nada ing titilaras pélog maturut–turut ora konstan, nanging mèmper karo nada diatonis (internasional).

Cathetan sikil

  1. a b c d e f Widati 2015, kc. 567.

Bibliografi

  • Widati, dkk., Sri (2015). Ensiklopedia Sastra Jawa. Daerah Istimewa Yogyakarta: Kementerian Pendidikan Dan Kebudayaan, Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 978-979-185-235-7.

Deleng uga