Menyang kontèn

Jembatan Adam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar Kreteg Adam ingkang kapendhet saking satelit.
Kreteg Adam dipuntingali saking udara.

Kreteg Adam, ugi dipunsebut Rama Setu ateges "Kreteg Rama", inggih punika rantai watu kapur antawisipun pulo Mannar, ing caket Sri Lanka barat laut lan Rameswaram, ing pasisir tenggara India. Miturut kapitadosan Hindhu, kreteg punika dipunyasa déning Rama, inkarnasi Déwa Wisnu, kanggé nylametaken Sita ingkang dipunculik dhateng Alengka déning Rahwana, kados ingkang dipunserat wonten ing kisah Ramayana. Kathah inskripsi, koin, pandom pangembara sepuh, referensi dangu, péta religius kuna nandhakaken struktur punika dipunanggep suci déning umat Hindhu.[1][2][3]

Kreteg punika kapisanan dipunsebutaken wonten ing wiracarita kanthi basa Sanskerta, Ramayana, gubahan Walmiki. Donya kilén kapisanan manggihaken wonten ing buku "karya sajarah wonten ing abad ke-9" déning Ibnu Khordadbeh wonten ing Buku tentang Jalan dan Nagara (sakitar 850 M), ngrujuk dhateng papan ingkang dipunsebut Set Bandhai utawi "Kreteg Laut".[4]

Nama Kreteg Rama utawi Rama Setu (saking basa Sanskerta; Setu ateges kreteg) kaparingaken dhateng bentang alam mirib kreteg punika wonten ing Rameshwaram, amargi legénda Hindhu gidentifikasikaken minangka kreteg ingkang dipunyasa déning Wanara (manungsa kethèk), bala Rama, ingkang dipun-ginakaken nyebrang dhateng Alengka lan nylametaken garwanipun, Sita saking raja Rakshasa, Rahwana, kados ingkang dipuncariyosaken wonten ing wiracarita Ramayana.

Amargi misahaken laut India lan Sri Lanka, wewengkon punika dipunsebut Sethusamudram ingkang ateges "Kreteg Laut". Pétanipun dipundamel déning tukang damel péta Walanda wonten ing taun 1747, sumimpen wonten ing Perpustakaan Saraswati Mahal ing Tanjore, nedahaken wewengkon punika minangka Ramancoil, saking basa Tamil "Raman Kovil" (Kuil Rama)[5] Péta sanès dipunsusun déning J. Rennel taun 1788 kapendhet saking pabukon ingkang sami, nyebut laladan punika minagka Kuil Rama.[6] Peta lainnya terdapat di atlas sajarah Schwartzberg[7][8] lan sumber-sumber ingkang sanès nyebut laladan kanthi kathah nama kados koti, Sethubandha lan Sethubandha Rameswaram.[9][10][11][12] Ramayana gubahan Walmiki ngandharaken pembangunan kreteg punika wonten ing sangandhaping komando Rama wonten ing ayat 2-22-76.[13]

Péta kapisanan ingkang nyebut laladan punika Kreteg Adam (Adam's bridge) dipundamel dvning tukang damel péta saking Inggris wonten ing taun 1804, ngrujuk dhateng legénda Islam, ingkang ngandharaken bilih Nabi Adam migunakaken kreteg kanggaé dumugi Puncak Adam wonten ing Sri Lanka, ing pundi piyambakipun jumeneng tobat kanthi satunggal samparan sadanguning 1.000 taun, ninggalaken tandha wujud bolongan ageng kados tapak suku. Ingkang pucuk punapa déné kreteg dipunsukani nama miturut legenda punika.[3][14][3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1]
  2. [2]
  3. a b "Adam's bridge". Encyclopædia Britannica. 2007. Dibukak ing 2013-03-24.
  4. Horatio John Suckling, Ceylon: A General Description of the Island, Historical, Physical, Statistical, London (1876), p. 76.
  5. http://www.hindu.com/2007/09/14/stories/2007091453631200.htm Jayalalitha quotes literary evidence for Rama bridge.
  6. "Protests against shipping canal hot up | Latest News". Diarsip saka sing asli ing 2008-01-24. Dibukak ing 2013-03-24.
  7. Schwartzberg Atlas - Digital South Asia Library
  8. Schwartzberg Atlas - Digital South Asia Library
  9. "Special Story". Diarsip saka sing asli ing 2008-05-05. Dibukak ing 2013-03-24.
  10. "News Today - An English evening daily published from Chennai". Diarsip saka sing asli ing 2008-05-05. Dibukak ing 2013-03-24.
  11. Scrap the shipping channel project - Newindpress.com
  12. http://books.google.com/books?id=ojQ2Sdm-8dYC&printsec=frontcover&dq=The+travels+of+Marco+polo#PPA380,M1 Marco polo's travel book calls the Adam's Bridge area Ramar bridge
  13. "Valmiki Ramayan calls mythological bridge built by Lord Rama as Setubandhanam". Diarsip saka sing asli ing 2017-12-13. Dibukak ing 2013-03-24.
  14. Ramar Sethu, a world heritage centre?

Pranala njaba

[besut | besut sumber]