Menyang kontèn

Kabupatèn Karanganyar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Karanganyar
كَبُڤَتَينْ کَرَڠْاَڽَرْ
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦫꦁꦲꦚꦂ
Kabupatèn

Lambang
Sesanti: Karanganyar Tenteram
(Tenang, Teduh, Rapi, Aman, Makmur)

Pernahé Karanganyar ing Jawa Tengah
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Tengah
Kutha krajanKaranganyar
Pamaréntahan
 • BupatiJuliatmono
Laladan
 • Gunggung800,20 km2 (30,900 sq mi)
Cacah warga (Sensus 2003)
 • Gunggung750,000
 • Pepadhet9,4/km2 (24/sq mi)
Bebrayan
 • WongJawa, Arab, Cina lan liya-liya
 • BasaJawa lan Indonesia
 • KepercayanIslam, Kristen Protestan, Katulik, Hindu, Buddha
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 271
Situs wèbwww.karanganyarkab.go.id
(ing basa Indonésia)

Kabupatèn Karanganyar (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦫꦁꦲꦚꦂ, Pegon: كَبُڤَتَينْ کَرَڠْاَڽَرْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, panggonané ing sisih wétan kutha Sala. Kutha Karanganyar iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 800,20 km2 utawa hèktar.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar

[besut | besut sumber]

Karanganyar jaman semono yaiku dhukuh cilik, lairé tanggal 19 April 1745 utawa 16 Maulud 1670. Pawongan kang gawé jeneng Karanganyar yaiku Radèn Mas Said utawa kang kondhang aran Pangéran Sambernyawa. Cikal bakalé laladan Karanganyar yaiku saka Radèn Ayu Dipanagara utawa Nyi Ageng Karang, jeneng timuré Radèn Ayu Sulbiyah. Ing wektu iku Karanganyar yaiku dhukuh cilik kang kalebu wewengkon Kasunanan Surakarta lan kang mimpin Swapraja Kasunanan Surakarta yaiku Sri Pakubuwana II.

Prajanjèn Giyanti

[besut | besut sumber]

Prajanjèn Giyanti tanggap 13 Fèbruari 1755 antarané Sunan Pakubuwana III lan Pangèran Mangkubumi kang isiné misah Karajan Mataram dadi rong wewengkon, yaiku Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta. Dhukuh cilik Karanganyar kang manggon ing Sukawati Kidul kalebu wewengkon Kasultanan Ngayogyakarta lan kang dadi ratu nalika iku yaiku Sri Sultan Hamengkubuwana I utawa Pengéran Mangkubumi taun 1775-1792. Ing taun 1847, Sri Paduka Mangkunagara III ing Kadipatèn Mangkunagaran nggawé tatanan anyar yaiku Staatblat 1847 No. 30 kang diwiwiti tanggal 5 Juni 1847. Isiné yaiku ing salah sawijining aturan njlèntrèhaké babagan Karanganyar yaiku wewengkon. Ing taun 1903 kabêntuk Kabupatèn Anom Kutha Mangkunagaran, wewengkoné yaiku kutha Sala sisih lor, Wanareja, Kaliyasa, lan Calamadu.

Swapraja Mangkunagaran

[besut | besut sumber]

Sri Paduka Mangkunagara VII (1916-1944) ngganti istilah Onderregentschap diganti dadi regentschap utawa basa Indonésiané "Kabupaten" ing tanggal 20 Novèmbêr 1917. Ing tanggal 20 Novèmber 1917 Kabupatèn Karanganyar lair. Jeneng Karanganyar dumadi saka telung tembung, yaiku: Ka: Kawibawan ingkang dipungayuh (kewibawaan yang dicita-citakan). Rang: Rangkepanipun lair batin pulung lan wahyunipun sampun turun temurun (rangkapnya lahir dan batin, pulung dan wahyunya turun). Anyar: Badhé nampi prajanjèn anyar/énggal winisudha jumeneng Mangkunagara I (akan menerima perjanjian baru yang diangkat menjadi Mangkunagara I). Reorganisasi wewengkon Kadipatèn Mangkunagaran ditindakaké kanthi Dudutan Sri Paduka Mangkunagara VII babagan nggawé Kabupatèn Wanagiri lan Kabupatèn Karanganyar. Ing tanggal 18 Novèmber 1917 KGPAA Mangkunagara VII ngangkat KRT Hardjahasmara ing Kabupatèn Karanganyar. Ing sajeroning pelantikan KGPAA Mangkunagara VII mènèhi sesorah arahan, kaya ta:

  1. Bupati kudu ngleksanakaké tugas-tugasé kanthi temen lan setya marang tugas papréntahan
  2. Kudu duwé sipat nyambut gawé kang tekun lan prodhuktif
  3. Tingkah laku kudu apik karebèn ora gawé èlèké jeneng kulawarga lan kalungguhan
  4. Kudu mikiraké kabutuhan pangan para tani utawa rakyat désa
  5. Nggawé katentreman lan ngayomi wewengkon.

Antarané taun 1917 nganti taun 1930 ing Kabupatèn Karanganyar wis ana telung Bupati kang mandhégani, yaiku:

  1. KRMT Hardjohasmoro
  2. RMT Sarwoko Mangoenkoesoemo
  3. RMT Darko Soegondo

Adhedhasar Rijksblaad Mangkunagaran taun 1923 No.10 Kabupatèn Karanganyar kapara dadi telung wewengkon Kawedanan lan 14 Wewengkon Kapanèwon (Kacamatan), yaiku:

  • Kawedanan:
  1. Kawedanan Karanganyar
  2. Kawedanan Karangpandhan
  3. Kawedanan Jumapala
  • Kapanèwon:
  1. Kapanèwon Karanganyar
  2. Kapanèwon Tasikmadu
  3. Kapanèwon Jatèn
  4. Kapanèwon Kebakkramat
  5. Kapanèwon Majagedhang
  6. Kapanèwon Karangpandan
  7. Kapanèwon Matesih
  8. Kapanèwon Tawangmangu
  9. Kapanèwon Ngargayasa
  10. Kapanèwon Kerja
  11. Kapanèwon Jumapala
  12. Kapanèwon Tugu
  13. Kapanèwon Jatipura
  14. Kapanèwon Jatiyasa

Ing taun 1930 Kabupatèn Karanganyar diilangi lan kanthi administratif dilêbokaké ning wewengkon Kabupatèn Kutha Mangkunagaran. Bab iku didhasari amrih kebon-kebon kagungan Mangkunagara gampang anggoné ngolah kanthi apik. Ing jaman Jepang (1942-1945), laladan Karanganyar isih sinebut minangka Kawedanan, wewengkon saka Kabupatèn Kutha Mangkunagaran, mung baé kalungguhan lan wewengkoné diganti ngganggo istilah utawa basa Jepang.

Sawisé Proklamasi Kamardikan RI

[besut | besut sumber]

Sawisé Proklamasi Kamardikan tanggal 17 Agustus 1945, Présidhèn Républik Indonésia ngetokaké Piagam Kedudukan kang netepaké Sri Susuhunan Pakubuwana XII dadi Kepala Laladan Kasunanan Surakarta lan Sri Paduka Mangkunagara VIII dadi Kepala Laladan Mangkunagaran. Ing akir taun 1945 ing Surakarta ana obahan anti Swapraja kang ngrembaka nganti Karanganyar, Sragèn, Klathèn, Boyalali, Wanagiri, lan Kutha Surakarta kang nyatakaké ucul saka Papréntahan Swapraja. Babagan iki olèh tanggepan saka Pamaréntah Pusat kanthi terbité Pênêtapan Pêmêrintah No. 16/SD Taun 1946. Salah sawijining isiné yaiku nêtêpaké laladan-laladan kasêbut kagabung ing Karésidénan Surakarta lan kang mimpin yaiku Rèsidén. Laladan Kabupatèn Karanganyar yaiku:

  • Kawêdanan Wonoharjo
  1. Kêcamatan Gondangrejo (gabungan saka tilas Kapanéwon Bonorêjo dan Kaliyoso)
  2. Kêcamatan Colomadu
  • Kawêdanan Karanganyar
  1. Kêcamatan Karanganyar
  2. Kêcamatan Tasikmadu
  3. Kêcamatan Jatèn
  4. Kêcamatan Kêbakkramat
  5. Kêcamatan Mojogêdang
  • Kawêdanan Karangpandan
  1. Kêcamatan Karangpandan
  2. Kêcamatan Matêsih
  3. Kêcamatan Tawangmangu
  4. Kêcamatan Ngargoyoso
  5. Kêcamatan Kêrjo
  6. Kêcamatan Jênawi
  • Kawêdanan Jumapolo
  1. Kêcamatan Jumapolo
  2. Kêcamatan Jumantono
  3. Kêcamatan Jatiyoso
  4. Kêcamatan Jatipuro [1]

Géografis

[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar dumunung ing pérangan kidul-wétan Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Wewatesan karo Provinsi Jawa Wétan ing sisih wétan, Kabupatèn Sragèn ing sisih lor, Kabupatèn Wanagiri lan Kabupatèn Sukaharja ing sisih kidul lan Kutha Surakarta lan Kabupatèn Boyalali ing sisih kulon.

Lokasi Géografis

[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar dumunung antara 110°40’-110°70’ BT lan 7°28’-7°46’ LS. Dhuwuré lemah watara 511 mèter saka lumahing sagara duwé iklim tropis kanthi suhu rata-rata 22°-31 °C.

Curah Udan

[besut | besut sumber]

Miturut data saka 6 stasiun pangukur kang ana ing Kabupatèn Karanganyar, cacahing dina udan sajeroning taun 2006 yaiku 78 dina kanthi rata-rata curah udan 1.817 mm, lan curah udan paling dhuwur ing sasi Januari lan paling cendhèk sasi Juni nganti Oktober. Ing taun 2012-2016, dina udan rata-rata saben tahun yaiku 116 - 210 dina. Rata-rata curah udan yaiku 583,33 mm, kanthi dhuwur dhéwé ing sasi November-April lan sithik dhéwé ing sasi Juni-Agustus.[2]

Jembar Wewengkon

[besut | besut sumber]

Jembar wewengkon Kabupatèn Karanganyar yaiku 77.378,6374 Ha, dumadi saka lemah sawah 22.844,2597 Ha lan lemah garing 54.534,3777 Ha. Pesawahan dumadi saka irigasi teknis 7.872,6323 Ha, 1/2 teknis 6.144,2939 Ha, prasaja 7.134,1251 Ha lan tadhah udan 1.693,2084 Ha. Sawetara iku jembar pekarangan / yasan 20.732,4406 Ha, tegalan / kebun 17.937,0211 Ha. lan pakebonan 3.251,5006 Ha.[3]

Papréntahan

[besut | besut sumber]

Kabupatèn Karanganyar dumadi saka 17 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-kacamatan ing Kabupatèn Karanganyar yaiku:

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Sejarah Karanganyar[pranala mati permanèn]
  2. "BPS kabupaten Karanganyar". karanganyarkab.bps.go.id. Diarsip saka sing asli ing 2022-10-27. Dibukak ing 2019-11-27.
  3. Data geografis Karanganyar[pranala mati permanèn]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]