Santiago Ramón y Cajal
Santiago Ramón y Cajal | |
---|---|
Lair | Petilla de Aragón, Spanyol | 1 Mèi 1852
Pati | 17 Oktober 1934 Madrid, Spanyol | (umur 82)
Kabangsan | Spanyol |
Babagan | Neurosains |
Notable awards | Bebungah Nobel babagan Fisiologi utawi Kedhokteran (1906) |
Santiago Ramón y Cajal (1 Mèi 1852 – 17 Oktober 1934) inggih punika satunggaling tiyang ahli histologi, dhokter, lan pamenang bebungah Nobel ingkang asalipun saking Spanyol. Piyambakipun ugi minangka salah satunggaling tiyang ingkang ndhirikaken ngèlmu saraf modern.[1]
Biografi
[besut | besut sumber]Piyambakipun inggih punika putra saking Justo Ramón lan Antonia Cajal, lair ing Petilla de Aragón, Spanyol. Nalika jaman alitanipun, piyambakipun asring pindhah-pindhah sekolah amargi tingkah lakunipun ingkang kirang saé lan sikap ingkang anti otoritas. Salah satunggaling tuladha ekstrem tindakan pemberontakanipun inggih punika piyambakipun naté dipuntahan nalika yuswanipun taksih 11 taun amargi ngrisak pager kutha kanthi meriam damelanipun piyambak.[2]
Ramón y Cajal naté pikantuk pendidikan kadhokteran ing Zaragoza, lan lulus nalika taun 1873. Sabibaripun lulus, piyambakipun kerja minangka petugas médis kanggé para bala Spanyol. Salah satunggal tugasipun, piyambakipun dipunkintun ing Kuba. Sabibaripun kondur ing Spanyol, piymbakipun nikah kaliyan Silveria Fañanás García nalika taun 1879 ingkang maringi sekawan putri lan tigang putra.[2]
Piyambakipun dados profesor universitas ing Universitas Valencia nalika taun 1881, lan nalika taun 1883 piyambakipun pikantuk gelar dhoktor kadhokteran ing Madrid. Piyambakipun njabat dados direktur Museum Zaragoza (1879), direktur Institut Nasional Ilmu Keséhatan (1899), pendiri Laboratorio de Investigaciones Biológicas (1922) (samangké gantos nama dados Instituto Cajal utawi Institut Cajal). Piyambakipun séda ing Madrid nalika taun 1934.[2]
Karya lan Téyori
[besut | besut sumber]Karya Ramón y Cajal ingkang paling misuwur inggih punika babagan struktur sistem saraf pusat. Cajal migunakaken téknik histologis ingkang dipunkembangaken déning Camillo Golgi. Golgi manggihaken bilih kanthi maringi larutan pérak kromat wonten ing jaringan polo, saged ndadosaken relatif sakedhik neuron (sel saraf) ingkang reged. Cara makaten nggampilaken Golgi ngamati langkung detail saking struktur neuron lan maringi sawijining dudutan bilih jaringan saraf inggih punika sawijining retikulum (jaringan) ingkang "berkesinambungan" saking sel-sel ingkang sami gegayutan.[1]
Kanthi migunakaken metode Golgi. Ramón y Cajal manggihaken dudutan ingkang bènten kaliyan Golgi. Piyambakipun postulat bilih sistem saraf dipunyasa saking milyaran neuron ingkang kapisah lan sel-sel mau terpolarisasi. Boten kados pamanggihipun Golgio ingkang ngandharaken neuron mbentuk jaringan ingkang "berkesinambungan", Ramón y Cajal ngandharaken neuron-neuron mau sami "berkomunikasi" antawis satunggal kaliyan ingkang sanèsipun kanthi gayutan mirunggan ingkang dipunsebut sinapsis. Tembung "sinapsis" dipunparingaken samangké déning Sherrington nalika 1897. Hipotesis punika dados dhasar dhoktrin neuron, ingkang ngandharaken ékan individual saking sistem saraf inggih punika sawijining neuron tunggal. Wonten ing masa salajengipun, mikroskop elektron nedahaken membran sel neuron kanthi jangkep lan kasilpun njurung téyori Ramón y Cajal, lan ngasoraken téyori retikuler Golgi.
Kados pundi kémawon, kanthi panemon sinapsis, sapérangan pamanggih ngandharaken téyori Golgi paling boten taksih saged katampi sapérangan. Kanggé karya punika, Ramón y Cajal lan Golgi sami-sami pikantuk bebungah Nobel kadhokteran ing taun 1906.[1]
Ramón y Cajal ugi gadhah pamanggih bilih akson tuwuh saking konus pertumbuhan wonten ing pucukipun. Piyambakipun mangertosi bilih sel saraf saged nangkep sinyal kimiawi ingkang nedahaken arah pertumbuhan. Prosès punika dipunkenal kanthi sebutan kemotaksis.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- Ramón y Cajal, Santiago (1937). Recuerdos de mi Vida. Cambridge: MIT Press. ISBN 84-206-2290-7.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Santiago Ramón y Cajal |