Sulaiman
Sulaiman | |
---|---|
Raja Bani Israil, Nabi, Pewangun Baitul Maqdis | |
Miyos | Watara 975 SM Yerusalem |
Séda | Watara 935 SM Yerusalem |
Dipun urmati ing | Islam Kristen Yahudi |
Papan ziarah utama | Al-Haram asy-Syarif, Yerusalem |
Mangaruhi | Nabi Daud as |
Dipun pangaruhi déning | Akeh Muslim (utamane ing kraton Muslim), Kristen, Yahudi |
Sulaiman (basa Arab:سليمان) (kurang luwih 975-935 SM)[1] ya iku nabi kang nurunake ngelmu lan kitab Zabur kagungane Nabi Daud. Panjenengane nduweni prajurit kang dumadi saka jin, manungsa, lan para manuk. Padha bisa diatur lan baris kanthi tertib. Panjenengane uga bisa mangerteni basane manuk lan semut. Sedane Nabi Sulaiman uga didhelikake/dirahasiakake dening Gusti Allah saka kabeh makluk, kajaba rayap kang wis mangan tekene. Kaya pangandikane Gusti Allah Swt:
"Lan Ingsun (ngirid) angin kanggo Sulaiman, kang lakune ing wayah esuk padha karo laku sewulan lan lakune ing wayah sore padha karo laku sewulan (uga)..." (QS Saba':12)
Genealogi
[besut | besut sumber]Sulaiman bin Daud bin Aisya bin Awid saka keturunan kulawarga Yahuza bin Ya'qub.
Biografi
[besut | besut sumber]Raja kabèh makluk
[besut | besut sumber]Allah ndadekake Sulaiman dadi nabi lan rasul.[2] Sawisé cukup umur lan ramané séda, Sulaiman jumeneng nata ing kraton Israil.[2] Dhèwèké nguwasani ora mung manungsa, nanging uga kéwan lan lelembut kayata jin lan liya-liyané. Baginda bisa mangerteni basa kabèh kéwan.[2] Kraton Nabi Sulaiman éndah tenan.[2] Dibangun kanthi gotong royong manungsa, kéwan, lan jin.[2] Temboke saka watu pualam, saka lan lawange saka emas lan tembaga, pyane saka perak, rerenggan lan ukiranne saka mutiara lan inten, barleyan, pasir ing taman disebari mutiara, lan sakpiturute.[2]
Interaksi Sulaiman karo jin, kéwan lan liyané
[besut | besut sumber]Nabi Sulaiman diparingi kawicaksanan déning Allah awit rumaja.[2] Panjenengane uga duwé kaluwihan, ya iku bisa micara lan mangerteni basa kéwan, jin, lan sebangsane saéngga kabèh makluk iku padha manut déning perintahe baginda.[2]
Panjenengané uga bisa nundukake jin lan angin, saéngga bisa dikon ngapa baé kalebu jupuk tembaga cuer saka bumi kanggo gawé perkakas, yasan kraton, bètèng, piring-piring gedhé, lan tungku-tungku.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |